Kamis, 07 Juni 2012

Gayus Numpak Becak


Lagi numpak becak, penumpange iseng2 ngobrol karo tukang becak'e....
Tukang Becak (TB)
seng Numpak Becak (NB)

NB : cak, ongkos becak seng paling adoh piro ?

TB : winginane teko Gubeng nang Waru 50 ewu....

NB : haahhh... Sakmono cuma 50 ewu ?? Duik'e si Gayus 100 milyar nek digawe numpak becak iso tekan endi iku cak ??

TB : ah, cedek palingan mas nek nggawe duwik'e Gayus. Palingan tekan Pasar Demak.

NB : opo'o kok 100 milyar cuma tekan pasar Demak cak ??

TB : temenan iki mas, soale ape tuku pacul bekas nang pasar Demak....

NB : lhoh... Opo'o kok ujuk2 nggolek pacul bekas ?... Gawe opo cak ?

TB : gawe macul ndasmu mas...!! Eroh gak sampeyan... Aku nggenjot tekan Waru iku sampe pringsilanku mlebu bolongan silitku...!! Opo maneh mbok tawani 100 milyar kongkon mbecak.... Mending patenono ae aku saiki....
Muduno saiki teko becakku...!!

Akhire tukang becak karo penumpange gegeran goro2 obrolan tentang Gayus. Padahal Gayus gak bakalan numpak becak.....

IKLAN : Anda butuh kapsul herbal? Saya menyediakan ratusan jenis kapsul obat herbal, silakan KLIK DI SINI

Tidak ada komentar: